Sambutan prakata panitia bahasa jawa






Al mukarrom wal mukarromah ,,,,,,,,,,,,,
Ingkang kawulo mulya-aken lan ingkang kito ajeng-ajeng manfaat ngilmu nipun,
        Poro bapak poro ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati ! sakderengipun kawulo ngaturaken nopo ingkang dados tugas kawulo. Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT, ingkang sampun naqdiraken kulo lan panjenengan sedoyo saget pepanggihan wonten wonten ing puniko majlis kanti keadaan sehat wal’afiat mugi-mugi ni’mat ingkang kados mekaten puniko dipun langsungaken ila yaumil qiamah..amin…..
Sholawat soho salam mboten kesupen monggo kito sanjungkan dumeteng junjungan kito Nabi Agung “habibbana wanabiyyana Muhammad SAW, ingkang sampun mbeto kito sedoyo saking zaman jahiliyah dumugi zaman ilmiah niki,
Poro rawuh ingkang kulo hormati ! wonting ing mriki kawulo atas name wakil sedoyo panitia peringatan Hari besar Islam Maulid nabi Muhammad SAW, wonten ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan hadirin lan hadirot sekalian ingkang kerso angrawuhi penghaosan ing sa’at meniko, boten kesupen kawulo ucapaken



Selamat datang selamat bertemu, mugi-mugi atas kerawuhan kito meniko dipun catet dening alloh dados amal soleh kito sedoyo, amiin..
Poro rawuh ingkang kulo hormati ! selajengipun kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sak agengipun dumateng sederek-sederek sampun kerso membantuni kawulo atas terselenggaranipun penghaosan ing saat puniko, wonten kalane ingkang membantu moril utawi materiel, membantu tenaga lan pikiran utawi harta benda lan sanes-sanesipun sahinggo sedoyo bantuan kolo wahu saget kulo wujudaken penghaosan kanti kados mekaten meniko wujudipun soho gempar lan meriahipun atas name panitia boten saget bales punopo-punopo dating panjenengan sedoyo kejawi naming saged ndunga-aken:


Mugi-mugi Alloh SWT. Ingkang bels sedoyo amal panjenengan kanti balesan ingkang she ingkang katah amiin,,
        Poro rawuh ingkang terahir sedoyo panitia nyuwun agungipun pangapunten mbok bilih wontenipun acara pengahosan ing saat meniko kirang maremaken penggalih panjenengan sedoyo sejatosipun sedoyo panitia sampun berusaha sak kiyatipun kanti mencurahkan tenaga lan fikiran supados acara penghaosan sa’at meniko terlaksana kanti sak sahe-sahenipun, ananging dos pundi malih maksud hati memeluk gunung apa dya tangan tak sampai, ternyata naming kados mekaten ingkang saget dipun suguhaken dateng panjenengan sedoyo. Pramilo sepindah malih atas sedoyo kekurangan saking segi nopo kemawon panitia nyuwun agungipun pangapunten,
        Ingkang terahir keranten sanget pentingipun ceramah agama dalam Rangka Maulid Nabi Besar Muhammad SAW. Pramilo kulo suwun poro bapak ibu hadirin sedoyo sepados mirengake ngantos akhir acara mangke.
        Akhiri pun kulo ahiri


Tidak ada komentar:

Posting Komentar